Rabu, 19 Februari 2014

Contoh MC Pengajian Umum Versi Bahasa Jawa




Hadratal kuromak wal fudholak, wonten ngarsonipun por alim, poro sepuh pini sepu aji sepuh, poro romo kyai ingkang tinanding kitab suci wahyuning ilahi, utaminipun dumateng romo KH. Affandi sangking pati ingkang kito tenggo-tenggo punopo ingkang dados wekdar soho sabdo pengendikanipun
Dumateng KH. Musyaddad Syarif selaku Pengurus cabang jam’iyyah Nahdlatul Ulama’ kabupaten Demak engkang tansah kito mulyaaken.
Dumateng romo kyai Muhziddin, romo KH. Abdul latief, Romo kyai saeful hadi soho sedoyo romo kyai ingkang boten saget kawulo sebat setunggal-setunggalipun ingkat dahat tuhu kinabekten
Dumateng panembat-panembateng projo, poro satriyaning nagari, utaminipun dumateng bapak kepala desa Kerangkulon, Bapak Kuntadi sak stafipun ingkang kito ta’ati punopo ingkang dados perundan-undanganipun.
Dumateng poro bapak poro ibu,  poro tamu undangan sedoyo kakung miwah putri ingkang dahat tuhu kinormatan.

Sepindah, monggo kito ngaturaken  puja-puji astuti wonten ngarso dalem ilahi ingkang sampun paring rahmad, nikmat soho hidayahipun dumateng kito sedoyo  , sehinggo wonten wekdal dalu puniko kito saget makempal wonten puniko majlis ingkang insya allah mubarok puniko, sak perlu ngrawuhi wontenipun pengaosan umum dalam rangka halal bihalal oleh jam’iyyah Nahdlatul Ulama ranting demung kerangkulon wonosalam demak.  Monggo nikmat ingkang langkung ageng puniko kito syukuri sesarengan kanti waosan 
الحمد لله  رب العالمين    
Sholawat soho salam mugio tansah katur dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW, inggih puniko nabi ingkang dados tuntunan dumateng kito sedoyo, soho nabi ingkah kito ajeng-ajeng syafa’atipun minanaddunnya hattal akhiroh.
بقولنا اللهم  صل على سيدنا محمد        

Hadirin hadirot ingkang tansah dahat tuhu kinormatan
Sakderengipun pongaosan dalam rangka halal bi halal oleh jami’yyah Nahdlatul Ulama’ ranting demung kerangkulon puniko enggal kawiwitan, bade kawulo waosaken punopo ingkang dados toto rantamaning adicoro wonten dalu puniko.

Adicoro ingkang ongko sepindah nuwun inggih atur pambuko
Adicoro ingkang ongko kaleh nuwun inggih waosan ayat suci al qur’an
Dipun lajengaken adicoro ingkang ongko tigo nuwun inggih waosan tahlil
Adicoro ingkang ongko sekawan nuwun inggih prakata panitia
Adicoro ingkang ongko gangsal  nuwun inggih sambutan-sambutan
Wondene istirahat aminangkani acoro ingkang ongko nenem
Adicoro ingkang ongko pitu  nuwun inggih mauidlotul hasanah soho doa
Dipun lajengaken adicoro ingkang ongko terahir nuwun inggih penutup

Hadirin hadirot ingkang tansah dahat tuhu kinormatan
Dumawah adicoro ingkang ongko sepindah nuwun inggih atur pambuko, monggo acoro pengaosan dalu puni kito bikak sesarengan kanti waosan ummul kitab, mugi-mugio kanti berkahipun waosan puniko saget dadosipun lancareng acoro wonten dalu puniko
علىنيۃالصالحه والزياده بحق الفاحۃ وبشرالفاتحه...............
Dumawah toto rakiting adicoro ingkang ongko kaleh nuwun inggih: waosan ayat suci al qur’an ingkang bade dipun lantunaken deneng al ustadz M. DIMYATI. Al Hafidz. Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken………..
صدق الله العظيم وصدق رسوله الكريم
( Dumateng  K. DIMYATI Al Hafidz, kawulo atauraken sembah sewu matur suwun.)

Hadirin hadirot ingkang tansah dahat tuhu kinormatan
Dipu lajengaken adicoro ingkang ongko tigo nuwun inggih waosan Tahlil : ingkang bade dipun pimpin deneng Romo K. MUHZIDDIN. Dumateng panjenenganipun wekdal soho paggenan kawulo sumanggaaken………..
( Dumateng romo K. MUHZIDDIN, kawulo atauraken sembah sewu matur suwun.)

Dumawah toto rakiting adicoro ingkang ongko sekawan nuwun inggih: prakata panitia ingakang bade dipun sampeaken deneng al ustadz M. SYAIFUFFIN. Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken………..
( Dumateng Al Ustadz M. SYAIFUDDIN, kawulo atauraken sembah sewu matur suwun.)

Dumawah toto rakiting adicoro ingkang ongko gangsal nuwun inggih: Sambutan-sambutan
õ  Sambutan ingkang ongko sepindah : sambutan sangking kepala desa kerangkulon, ingkang bade dipun sampeaken deneng bapak kuntadi.  Dumateng panjenenganipun wekdal soho paggenan kawulo sumanggaaken………..
      ( Dumateng bapak kuntadi, kawulo atauraken sembah sewu matur suwun.)

õ  Sambutan ingkang ongko kaleh : sambutan sangking                                   Nahdlotul Ulama ranting Demung Kerangkulon Wonosalam Demak, ingkang bade dipun sampeaken deneng bapak KH. ABDUL LATIEF.  Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken………..
         ( Dumateng bapak KH. ABDUL LATIEF, kawulo atauraken sembah sewu matur suwun.)

õ  Sambutan ingkang ongko tigo : sambutan sangking pengurus cabang Nahdlotul Ulama kabupaten Demak, ingkang bade dipun sampeaken deneng bapak KH. MUSYADDAD SYARIF.  Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken………..
     ( Dumateng bapak KH. MUSYADDAD SYARIF, kawulo atauraken sembah sewu matur suwun.)

Hadirin hadirot ingkang tansah dahat tuhu kinormatan
Dumawah toto rakiting adicoro ingkang ongko nenem nuwun inggih: istirahat
Wondene istirahat bade dipun isi deneng rebana NURUL FALAH, dumateng REBANA NURUL FALAH kawulo sumanggaaken

Hadirin hadirot ingkang tansah dahat tuhu kinormatan
Dumawah toto rakiting adicoro ingkang ongko nenem nuwun inggih: MAUIDHOTUL HASANAH soho doa ingkang bade dipun kaslirani deneng Romo KH. AFFANDI sangking pati.. Dumateng panjenenganipun KH. AFFANDI wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken………..

Hadirin hadirot ingkang tansah dahat tuhu kinormatan
Mekatenlah menggah pari purnaning adicoro wonten dalu puniko, kawulo aminangkani pranoto acoro, mbok bilih wonten kirang toto, titi, titisipun anggenipun kawulo matur, kawulo nuwun anggunging pangaksami… akhirul kalam












Tidak ada komentar:

Posting Komentar